Berita

Pengetan Ambalwarsa Kitha Ngayogyakarta Kaping 268 Dinas Kesehatan

Dilihat 123 kali   07/10/2024 10:41:35 WIB

Tim Website Dinkes

Selasa, 7 Oktober 2024 sedaya pegawai Kundha Kesehatan (Dinas Kesehatan) nderek apel enjang ngagem busana gagrak Ngayogyakarta. Apel ingkang pun pandegani Pengageng Dinas Kesehatan drg. Emma Rahmi Aryani MM, enjang punika kaleres mengeti ambalwarsa Kitha Ngayogyakarta kaping 268.

 

img_20241007104310_image.png
Keluarga Kundha Kesehatan ngaturaken sugeng ambal warsa kaping 268 tahun 2024

Kados ingkang sampun dimangertosi madegipun Kutha Ngayogyakarta adhedhasar boyonganipun Pangeran Mangkubumi utawi sampeyan ndalem Sri Sultan Hamengku Buwono I saking pesanggrahan Gamping dhumateng Kraton saksampunipun purna anggenipun mbagun keraton wonten ing ledhok pacethokan (pesanggrahan Garjitawati). Boyongan ingkang kacatet tanggal 13 Sura Jimakir 1682 Tahun Jawa utawi kaleres tanggal 7 Oktober 1756 meniko sampun kedaden 268 tahun kepengker. Pengetan madegipun Kutha Ngayogyakarta kaping 268 tahun 2024 meniko mendhet irah-irah 'Rikat, Rakit, Raket’.

 

img_20241007120418_image.png
Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat sak sampunipun boyongan tahun 1756

drg. Emma Rahmi Aryani, MM., maosaken pangandikan Penjabat Walikota Yogyakarta ingkang surasanipun ngengetakan sedaya pegawai Pamerintahan Kutha Ngayogyakarta anggenipun patrap dados pengembating projo wonten ing Kutha Ngayogyakarta. Ngayogyakarta ing tembe dados panggenan ingkang ‘karta’ kebak lumeber keselametan, ketenteraman,  ugi kemakmuran.

Pungkasanipun  atur, Pj Walikota lumantar drg. Emma ngengetakan dhateng sedaya pegawai Kundha Kesehatan (Dinas Kesehatan) Kutha  Ngayogyakarta perkawis Netralitas ASN wonten ing Pilkada.

“Bilih wonten ing wulan November 2024 badhe kaleksanaken Pemilihan Kepala Daerah utawi Walikota lan Wakil Walikota wonten ing Kutha Ngayogyakarta, pramila kasuwun sedaya pegawai saged tetap njagi netralitas sahingga saged kawujud Pilkada ingkang kondusif ing Kutha Ngayogyakarta”, Ngendikanipun drg. Bu Emma.